Portal Baraya – Dalam artikel ini, kami akan memberikan kunci jawaban Bahasa Jawa kelas 9 halaman 83-90 Kurikulum 2013.
Soal dan kunci jawaban Bahasa Jawa kelas 9 halaman 83-90 Kurikulum 2013 ini kami susun berdasarkan buku Kirtya Basa IX kanggo SMP/MTs Kelas IX.
Pada soal tersebut, siswa kelas 9 harus mengerjakan beberapa soal pilihan ganda yang berhubungan dengan materi sebelumnya.
Adapun tujuan kami memberikan kunci jawaban Bahasa Jawa kelas 9 halaman 83-90 Kurikulum 2013 ini adalah sebagai referensi dan materi koreksi orang tua terhadap jawaban peserta didik.
Harapannya, siswa kelas 9 dapat memperoleh hasil terbaik selama mengerjakan setiap soal Bahasa Jawa di sekolah.
Berikut ini adalah soal dan kunci jawaban Bahasa Jawa kelas 9 halaman 83-90 Kurikulum 2013.
Soal dan Kunci Jawaban Bahasa Jawa Kelas 9 Halaman 83-90 Kurikulum 2013
A. Pilihen wangsulan kang bener!
1. Pidhato ing dhuwur ditindakake ing adicara ….
a. Pepisahan sekolah
b. Pameran kesenian
c. Ceramah agama
d. Sambutan upacara
kunci jawaban: A
2. Pidhato kang kudu ditindakake kanthi maca teks lan ora kena uwal saka teks kasebut, diarani pidhato ….
a. resmi
b. ora resmi
c. setengah resmi
d. guyonan
kunci jawaban: A
3. Nyuwun donga pangestu marang para rawuh/tamu supaya apa kang dadi gegayuhane bisa kaleksanan iku kalebu ing perangan ….
a. salam pambuka
b. purwaka
c. pangarep-arep
d. panutup
kunci jawaban: C
4. Bapak Kepala Sekolah ingkang minulya, Bapak / Ibu Guru ingkang kula hurmati, Bapak / Ibu wali murid kelas sanga, sarta para kanca siswa-siswi kelas sanga ingkang sanget kula tresnani.
Puji syukur mangga sareng-sareng kita unjukaken dhumateng ngarsa Gusti Ingkang Maha Agung, ingkang sampun paring kathah sanget kenikmatan saengga wonten ing siang punika kita saget makempal ngrawuhi adicara pepisahan siswa-siswi kelas sanga.
Pethikan teks pidhato ing dhuwur kalebu perangan …..
a. Adangiah
b. Purwabasa
c. Surasa basa
d. Wasana basa
kunci jawaban: A
5. Isi teks pidhato ing dhuwur dumadi saka patang perangan (bab). Perangan kapisan sing daturake yaiku ….
a. Matur agunging panuwun marang Bapak lan Ibu Guru.
b. Nyuwun aksama tumrap kabeh kesalahan selawase dadi siswa.
c. Nyuwun idi pangestu kanggo nerusake sekolah.
d. Nyuwun supaya tetep didhaku dadi siswane Bapak/Ibu Guru.
kunci jawaban: A
6. Dene isi teks perangan katelu yaiku ….
a. Matur agunging panuwun marang Bapak lan Ibu Guru.
b. Nyuwun aksama tumrap kabeh kesalahan selawase dadi siswa.
c. Nyuwun idi pangestu kanggo nerusake sekolah.
d. Nyuwun supaya tetep didhaku dadi siswane Bapak/Ibu Guru.
kunci jawaban: C
7. Wasana cekap semanten anggen kula matur, menawi wonten kirang trapsila anggen kula matur yuwun sih agunging pangaksami. Perangan pidhato kaya kasebut kalebu….
a. Surasa basa
b. Wasana basa
c. Purwa basa
d. Pangarep-arep
kunci jawaban: C
8. Kula angaturaken agunging panuwun dhumateng para Bapak dhalah Ibu Guru ingkang sampun nggulawenthah kula sakanca wiwit kelas pitu ngantos sapunika sampun lulus kelas sanga.
Tembung nggulawenthah ing ukara dhuwur tegese ….
a. Ngayomi lan ngayemi
b. Ndhaku lan ngadhopsi
c. Nuturi, nyeneni lan ngandhani
d. Ndhidhik, mbimbing, lan ngopeni
kunci jawaban: D
9. Nyuwun donga pangestu marang para rawuh/tamu supaya apa kang dadi gegayuhane bisa kaleksanan iku kalebu ing perangan ….
a. salam pambuka
b. purwaka
c. pangarep-arep
d. Panutup
kunci jawaban: C
10. Pawongan kang kajibah ngandharake wigatiting pahargyan minangka wakiling sohibul hajad diarani ….
a. Pranatacara
b. Pamedhar sabda
c. Paniti swara
d. Paminta sraya
kunci jawaban: B
11. Dene pawongan kang kajibah ngatur lumakuning adicara pawiwahan diarani ….
a. Panatacara
b. Pamedhar sabda
c. Paniti swara
d. Paminta sraya
kunci jawaban: A
12. Kethoprak lan ludruk iku diarani kesenian tradhisional, amarga….
a. Mung urip ing jaman sadurunge Indonesia merdika
b. Mung bisa nggelarake crita panguripane bangsawan kraton.
c. Digelar kanthi migunakake alat musik tradhisional, busana tradhisional, diiringi kanthi tetembangan, lan nggelar crita jaman kawuri.
d. Digelar migunakake musik modern, busana modern lan nggelar crita modern.
kunci jawaban: C
13. Kethoprak urip ngrembaka lan ngalami jaman kencana rukmi watara tahun 1950 an ing daerah….
a. Banyuwangi
b. Surabaya
c. Probolinggo
d. Ngayogyakarta
kunci jawaban: D
14. Ludruk mujudake kesenian tradhisional asal saka ….
a. Jawa Tengah
b. Ngayogyakarta
c. Jawa Barat
d. Jawa Timur
kunci jawaban: D
15. Bedane ludruk lan kethoprak manggon ing ….
a. Tari Rema lan tabuhan gamelan teknik Jawa Timuran.
b. Kethoprak diawali tari gambyong, ludruk diawali tari gandrung.
c. Kethoprak migunakake iringan jula-juli.
d. Ludruk ora dibukani tari remo.
kunci jawaban: B
16. Basa kang digunakake dening pambyawara/pranatacara ana ing adicara penganten asring nggunakake basa kang arang digawe ana ing bebrayan. Basa mau kepenak dirungokake sarta endah, basa kang kaya mangkono mau diarani basa ….
a. basa krama inggil
b. basa ngoko alus
c. basa mataraman
d. basa rinengga
kunci jawaban: D
Kanggo mangsuli soal nomer 17 – 24 gatekna pethikan naskah kethoprak ing ngisor iki!
Tribuwana TD : Paman Patih Harya Tadhah, saklengseripun kakang Jayanegara, kula ingkang gumantos, nanging Mojopahit boten saya tentrem, malah saya kathah rubeda ngreribeti…saya-saya paman Patih Harya Tadhah minta lengser, menapa menika boten saya damel ringkihing Mojopahit?
Patih H Tadhah : Gusti Prabu Putri, kula sampun ringkih lan sepuh, sampun wancinipun Mojopahit ndhudhah para mudha taruna manggala praja njejegaken saka guru, ngandelaken bebeteng murih saged tentrem nagari Mojopahit tumuju ing kajayan.
Tribuwana TD : Langkung prayogi mekaten, nanging paman, ”pembrontakan” Sadeng lan Keta dereng sirep. Taksih mbetahaken kawigatosan supados enggal rampung, para mudha dereng wancinipun mikul jejibahan awrat.
Patih H Tadhah : Gusti Prabu Putri, mila kula lengser awit kula sampun nggadhahi wawasan sinten ingkang gumantos, lan kula pitados piyambakipun saged damel tentreming Mojopahit.
Tribuwana TD : Sinten Paman?
Patih H Tadhah : Gajah Mada…
Ra Banyak : Kepareng munjuk atur Gusti Prabu, Gajah Mada menika tiyang ingkang boten cetha trahipun, kathah nayaka wredha ingkang pantes nglenggahi pangkat mahapatih. Menawi Gajah Mada ingkang pinilih, temtunipun badhe kathah manggala praja ingkang boten nggape dhateng prentahipun Mada awit kuciwa manahipun lan rumaos dipunasoraken, jalaran dipunprentah lare wingi sonten ingkang dereng ical pupuk lempuyangipun.
Ra Kembar : Gusti Prabu…., Kejawi menika, kawicaksananipun Gusti Patih Harya Tadhah amung mikolehaken kamulyaning kaluwarga. Gajah Mada sampun dangu caket lan Gusti Patih Harya Tadhah, sampun kekeset wonten sukunipun pramila boten mokal menawi Gusti Harya Tadah njagokaken Gajah Mada
Patih H Tadhah : Kowe aja grusa-grusu kesusu ndakwa kang ora prayoga…. Kabeh wis tak petung nganggo dhasar kang waton.
Ra Banyak : Dhasaripun menapa?
Patih H Tadhah : Kowe kelingan kraman Kuti? Sapa kang bisa nyirep? Sapa sing bisa nylametake Gusti Prabu Jayanegara, ing bedander? Sapa? Gajah Mada….! ya mung Gajah Mada sing bisa nyirep kraman lan nylametake Gusti Prabu Jayanegara tanpa netesake getihing prajurit. Aku ngerti yen Gajah Mada kuwi isih cendhek drajate, ning aku percaya menawa Mada sawijining prajurit sing ora amung ngendelake okol lan atosing raga nanging prajurit kang kebak petung kang gumathok…
Ra Kembar : Gusti Patih Harya Tadhah….
Tribuwana TD : Cukup….Mojopahit ora mbutuhake bantahing nara praja kanggo mbenerake panemune dhewe-dhewe. Ingsun bisa nimbang bener lan luput. Lan ingsun wus mangerteni sapa kang duwe labuh marang praja. Gajah Mada….!
Gajah Mada : Wonten dhawuh Gusti Prabu Putri?
Tribuwana TD : Piye kasaguhanmu menawa sira gumanti paman Patih H Tadhah?
Gajah Mada : Gusti Prabu, kula …..
17. Patih Harya Tadhah ngajokake surat undur dhiri minangka patih amarga ….
a. Amarga Patih Harya Tadhah kalah perang lumawan Gajah Mada.
b. Amarga Patih Harya Tadhah rumangsa wis ringkih lan sepuh kanggo tetep nglungguhi patih ing Mojopahit.
c. Amarga Patih Harya Tadhah ora disenengi dening Prabu Tribuwana Tungga Dewi.
d. Amarga Patih Harya Tadhah memungsuhan kalawan Ra Banyak lan Ra Kembar.
kunci jawaban: B
18. Kang dening Patih Harya Tadhah digadhang gumanti nglungguhi patih ing Mojopahit ….
a. Ra Banyak
b. Ra Kembar
c. Gajah Mada
d. Adityawarman
kunci jawaban: C
19. Patih Harya Tadhah ngajokake Gajah Mada Minangka gantine dadi Patih Mojopahit ….
a. Amarga Gajah Mada minangka Prajurit kang ora mung ngajokake okol, nanging kebak petung saben ngrampungi masalah.
b. Amarga Gajah Mada isih keluwargane Patih Harya Tadhah.
c. Amarga Gajah Mada bisa ngalahake Ra Banyak lan Ra Kembar.
d. Amarga Gajah Mada salah sijine punggawa nagari Mojopahit.
kunci jawaban: D
20. Sing banjur ora setuju yen Gajah Mada diangkat nglungguhi patih Mojopahit ….
a. Ra Banyak lan Ra Kembar
b. Adityawarman
c. Patih Harya Tadhah.
d. Prabu Putri Tribuwana Tungga Dewi
kunci jawaban: A
21. Sing wekasane diangkat dadi patih Mojopahit dening Prabu Putri Tribuwana Tungga Dewi….
a. Adityawarman
b. Gajah Mada
c. Ra Banyak
d. Ra Kembar
kunci jawaban: B
23. Komplikasi kang muncul ing pethikan naskah dhuwur yaiku….
a. Ra Banyak lan Ra Kembar ora setuju manawa Gajah Mada katetepake minangka Patih ing Mojopahit.
b. Patih Harya Tadhah wis sepuh lan ora kuwat nglungguhi Patih ing Mojopahit.
c. Prabu Tribuwana Tungga Dewi ora kersa misudha Gajah Mada Dadi patih ing Mojopahit
d. Gajah Mada ora setuju yen Ra Banyak disengkakake dadi patih ing Mojopahit.
kunci jawaban: A
24. Paraga utama ing pethikan naskah kethoprak kasebut yaiku ….
a. Ra Banyak lan Ra Kembar
b. Adityawarman
c. Patih Harya Tadhah.
d. Prabu Putri Tribuwana Tungga Dewi
kunci jawaban: D
25. Ing ngisor iki nggambarake kapribadene Gajah Mada, kajaba …..
a. Tanggung jawab marang jejibahan kang disandhang.
b. Mikolehake marang dhiri lan kulawargane.
c. Ora amung ngendelake okol lan atosing raga nanging prajurit kang kebak petung kang gumathok.
d. Nengenake kepentinganing bangsa lan nagara tinimbang kepentingan dhiri pribadi.
kunci jawaban: C
26. ”Uwuh sing maune dadi reretu saka rekayasa malah bisa miguna.” rekayasa dasanamane….
a. usaha
b. budidaya
c. milihi
d. milahi
kunci jawaban: A
27. Basa ngoko alus ing ngisor iki kang panulise bener yaiku ….
a. Mas Nanang diutus Pak Broto nyaosake undangan menyang daleme H. Misbah.
b. Menawi Panjenengan badhe tindak, mangke kula pamitaken Ibu.
c. Yen kowe arep dhahar segane ing wakul.
d. Mau esuk Eyang wis dakparingi dhahar kacang ijo!
kunci jawaban: D
28. Ngendikanipun Bapak, Budhe Marni badhe rawuh mriki.
Ukara ing dhuwur yen diowahi dadi basa ngoko andhap ….
a. Sanjangipun Bapak Budhe Marni ajeng dugi mriki.
b. Ngendikane Bapak, Budhe Marni arep rawuh kene.
c. Jarene Bapak Budhe Marni arep teka kene.
d. Jarene Bapak Budhe marni arep sowan kene.
kunci jawaban: B
29. Kabeh pepalang bakal disingkirake.
Kahanan kaya ing dhuwur ditembungake kanthi paribasan ….
a. Jer basuki mawa bea
b. Rawe-rawe rantas, malang-malang putung
c. Becik ketitik, ala ketara
d. Gemi, nastiti lan ngati-ati iku laku utama.
kunci jawaban: B
Demikian kunci jawaban Bahasa Jawa Kelas 9 halaman 83-90 Kurikulum 2013. Semoga bermanfaat.