Portal Baraya-Kumpulan contoh soal PAS UAS Bahasa Jawa kelas 7 SMP/MTs Kurikulum Merdeka Tahun 2023 lengkap dengan kunci jawabannya.
Dalam artikel kali ini akan dibahas sekumpulan contoh soal PAS UAS Bahasa Jawa kelas 7 sebagai media pembelajaran untuk persiapan ujian sekolah.
Contoh soal tersebut terdiri dari 40 soal pilihan ganda yang telah kami kumpulkan dari berbagai sumber dan soal-soal PAS UAS Bahasa Jawa tahun lalu.
Adanya soal dan kunci jawaban ini kami bagikan dengan tujuan untuk membantu siswa siswi dalam belajar dan berlatih secara mandiri.
Berikut adalah contoh soal PAS UAS Bahasa Jawa kelas 7 SMP/MTs Kurikulum Merdeka Tahun 2023 lengkap dengan kunci jawabannya.
Soal No. 1, Rukun agawe santosa, crah ….
Paribasan ing dhuwur iku terusane sing bener yaiku….
a. Agawe lumrah
b. Agawe bungah
c. Agawe susah
d. Agawe bubrah
kunci jawabannya : d
Soal No. 2, Ukara ing ngisor iki sing kalebu krama inggil yaiku ….
a. Kula dipunsukani duwet katah
b. Simbah dipunaturi sare wonten kamar
c. Adik lagi dolanan ana ing plataran
d. Bapak nembe kesah saking omah
kunci jawabannya : b
Soal No. 3, Esuk umun umun para kadhang tani tumandhang gawe menyang sawah, padha sayuk rukun makarya ing sawah kanthi sengkud, ana kang macul, ana kang ngresiki gulma, ana sing mupuk lsp, supaya nalika mangsa panen, asil panen apik lan nyenengake. Tembung “ macul, ngresiki lan mupuk “ kalebu tembung ….
a. Wilangan
b. Kahanan
c. Panyilah
d. Kriya
kunci jawabannya : d
Soal No. 4, Para pangunjung yen kepengin lunga menyang Sendang Biru bisa nganggo kendaraan pribadi utawa kendaraan umum. Saka ukara ing ndhuwur, kang kalebu tembung ancer-ancer yaiku tembung ….
a. Menyang
b. Sendhang biru
c. Para pengunjung
d. Kendaraan umum
kunci jawabannya : a
Soal No. 5, Kang diarani pahlawan / tokoh iku minangka salah sawijining paraga kang bisa dadi patuladhan uga duweni gegayuhan marang nusa lan bangsa. Piyambakipun mimpin perang gerilya ing jaman penjajahan Walanda. Gambar ing ngisor iki tuladhane paraga kang melu nyengkuyung kanggo kamardikan Indonesia yaiku ….
a. B.J. Habibie
b. Gajah Mada
c. Jendral Sudirman
d. Drs, Mohammad Hatta
kunci jawabannya : c
Soal No. 6, Mbak Rani wingi lunga menyang Pekalongan arep tuku Batik. Yen nganggo basa ngoko alus, yaiku ….
a. Mbak Rani kalawingi kesah dhateng Pekalongan badhe mundhut Batik
b. Mbak Rani kalawingi tindhak dhateng Pekalongan badhe mundhut Batik
c. Mbak Rani wingi tindhak menyang Pekalongan arep mundhut Batik.
d. Mbak Rani wingi kesah datheng Pekalongan arep mundhut Batik
kunci jawabannya : c
Soal No. 7, Gatekna macapat ing ngisor iki!
Gambuh
Laras Pelog Patet Barang
Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur polah kang kalantur
Tanpa tutur katula-tula katali
Kadaluwarsa kapatuh,
Kapatuh pan dadi awon
Macapat ing dhuwur iku guru gatrane ana ….
a. 7 larik
b. 5 larik
c. 6 larik
d. 10 larik
kunci jawabannya : b
Soal No. 8, Guru wilangan ing tembang macapat ing dhuwur yaiku ….
a. 7, 10, 12, 8, 8
b. 7, 9, 10, 7, 8
c. 7, 7, 8, 8, 9, 9
d. 8, 10, 12, 7, 7
kunci jawabannya : a
Soal No. 9, Saben panggonan iku nduwe cara utawa adat dhewe-dhewe
Ukara ing dhuwur iku paribasane ….
a. c. Desa mawa cara, negara mawa tata
b. Rawe-rawe rantas, malang-malang putung
c. Jer basuki mawa bea
d. Adigang adigung adiguna
kunci jawabannya : a
Soal No. 10, Lelabuhanipun Bung Hatta kangge Negara Indonesia kathah sanget, piyambakipun aktif wonten organisasi kepemudaan, salah satunggaling perjuwangan saking Bung Hatta inggih menika dados wakiling bangsa Indonesia ana ing Perundingan yaiku Konferensi Meja Bundar kang dianakake ing negari Walanda kang isine nyuwun datheng negara ing donya lan negri Walanda kedaulatan Indonesia amargi bangsa Walanda iku melu ngatur pemerintahan Indonesia kamangka Indonesia wis mardika. Saliyane iku Bung Hatta uga gadhah jejuluk yaiku Bapak Koperasi Indonesia amarga kiprahipun kangge kesejahteraan lan kemakmuran masyarakat damel koperasi. Teks kasebut ing dhuwur kalebu struktur bageyan ….
a. Surasa
b. Wasana
c. Pambuka
d. Idhentifikasi
kunci jawabannya : a
Soal No. 11, Aku tuku gula ing pasar
Kula tumbas gendhis wonten ing peken
Kula mundhut gula ing peken
Kula mundhut gendhis ing peken
Ukara ing dhuwur kang kalebu basa ngoko lugu yaiku nomer ….
a. 1
b. 2
c. 3
d. 4
kunci jawabannya : a
Soal No. 12, Bocah-boah lagi mloya-mlayu ing lapangan kidul desa.
Ukara ing dhuwur iku sing kalebu tembung dwilingga salin swara yaiku ….
a. Bocah-bocah
b. Mloya-mlayu
c. Lapangan
d. Kidul desa
kunci jawabannya : b
Soal No. 13, Anak wedus jenenge cempe, yen anak sapi jenenge ….
a. Bledug
b. Beyes
c. Pedet
d. Cemeng
kunci jawabannya : c
Soal No. 14, Bayu, braja, maruta, pawana lan samirana iku dasanamane ….
a. Langit
b. Geni
c. Angin
d. Bumi
kunci jawabannya : c
Soal No. 15, Gagasan pokok kang dadi dhasaran kanggo ngembangake carita diarani ….
a. Tema
b. Judul
c. Alur
d. Pachelaton
kunci jawabannya : a
Soal No. 16, Babagan sing ora perlu dilaporke ing dalem nulis palaporan tulisan yaiku ….
a. Sing diamati
b. Wektu ngamati
c. Panggonan ngamati
d. Bekal Ngamati
kunci jawabannya : d
Soal No. 17, Tanduran kang wite mrambat ing lemah iku diarani ….
a. Pala wija
b. Pala kesimpar
c. Pala kependhem
d. Pala kitri
kunci jawabannya : b
Soal No. 18, Gunung Arjuna yen didheleng saka kutha Malang mligine tlatah Singosari katon ijo royo royo, ing lembah utawa kaki gunung kaya kaya astane satria kang gagah prakosa njaga alam ing sakiwa tengene. Miturut tata rakite utawa jenise tembung, tembung “saka” kalebu tembung ancer ancer amarga tembung saka….
a. Sesulihing Gunung Arjuna
b. Nerangake kaendahan ing Gunung Arjuna
c. Kanggo nerangake pangrasa ndheleng Gunung Arjuna
d. Kanggo nyambung tembung di dheleng karo Kutha Malang
kunci jawabannya : d
Soal No. 19, I) Kembang jagung arane sinuwun
II) Kembang lombok arane gleges
III) Kembang cengkeh arane polong
IV) Kembang blimbing arane maya
Arane wit lan kembange sing bener ditunjukake nomer ….
a. I, II, III, IV
b. II lan IV
c. I lan IV
d. I, III lan IV
kunci jawabannya : d
Soal No. 20, Roni iku bocahe isinan, ora kaya kanca-kancane.
Tembung isinan iku tegese ….
a. Ora nduwe isin
b. Seneng ngisin-ngisini
c. Gampang isin
d. Ora isin blas
kunci jawabannya : c
Soal No. 21, Struktur teks ing paragraf ndhuwur yaiku kalebu ….
a. Idhentifikasi
b. Kolaborasi
c. Klasifikasi
d. Deskripsi bageyan
kunci jawabannya : d
Soal No. 22, Minangka salah sawijining papan wisata ing Jawa Wetan, dumunung ing kutha Blitar kalebu wisata budaya / cagar budaya. Manggon ana ing sangisore Gunung Kelud. Ing sakupenge tinemu reca ( arca ) peninggalan saka kerajaan Kediri. Wisata ing dhuwur nyritakake ….
a. Pesisir Ngliyep
b. Kampung Coklat
c. Candi Penataran
d. Pesarean Bung karno
kunci jawabannya : c
Soal No. 23, Piranti sing digunakake petani methiki pari yaiku ….
a. Pacul
b. Dos
c. Ani-ani
d. Arit
kunci jawabannya : c
Soal No. 24, Tuladha ukara tanggap ing ngisor iki yaiku ….
a. Adhi nangis goro-goro tiba
b. Budi dikongkon ibune tuku gula
c. Bayu numpak sepur seneng banget
d. Santi nyirami kembang ing pekarangan
kunci jawabannya : b
Soal No. 25, Agrowisata Kebun Teh Wonosari minangka salah satunggaling papan wisata kang asri ana ing wewengkon Kutha Malang. Dumunung kira kira 6 km saka Lawang lan 30 km saka Malang, ana ing lerenge Gunung Arjuna, mula hawane adhem. Struktur teks ing paragraf ndhuwur yaiku kalebu ….
a. Kolaborasi
b. Idhentifikasi
c. Klasifikasi
d. Deskripsi bageyan
kunci jawabannya : b
Adikku nggawa buku Basa Jawa kanggo sinau. Ukara kasebut ing dhuwur nggunakake katerangan ….
a. Upaya
b. Wektu
c. Tujuan
d. Panggonan
kunci jawabannya : c
Soal No. 26, Ing ngisor iki kang ora kalebu jinising wacana yaiku ….
A. narasi
B. deskripsi
C. persuasi
D. notasi
kunci jawabannya: D
Wacanen kang premati (kanggo pitakon nomer 27-29)
Nalika Esti arep mlebu sekolah sepisanan, atine seneng banget amarga dheweke bisa ketampa ana ing SMPsing dadi idham-idhamane. Malah wiwit Esti isih ana ing SD, dheweke wis kepengin banget sekolah ing kono. Mula saka kuwi, Esti sewengi ora bisa turu nglipus. Bola-bali Esti pijer nglilir amarga wedi yen kerinan. Kajaba seneng, atine Estiuga dheg-dhegan amarga mikir kepriye mengko yen mlebu sepisanan kamangka dheweke durung duwe kanca.
Soal No. 27, Esti kepengin sekolah ana ing SMP sing dadi idham-idhamane ….
A. nalika ujian SD
B. sadurunge mlebu SD
C. wiwit isih ana SD
D. nalika ujian SD
kunci jawabannya: C
Soal No. 28, Tembunge liya kerinan yaiku ….
A. ketrucut
B. kebacut
C. kepadhangen
D. kewengen
Jawaban: C
Soal No. 29, Tukang gawe barang saka kayu iku diarani ….
a. Kemasan
b. Jlagra
c. Pandhe
d. Undhagi
Akunci jawabannya : d
Soal No. 30, Lemah kang dikanggokake nandur lan tetanen palawija utawa tanduran liyane diarani ….
a. Pekarangan
b. Alun-alun
c. Tegalan
d. Lapangan
kunci jawabannya : c
Soal No. 31, Bocah kui lungguhe antheng kitiran.
Tegese sanepa ing dhuwur yaiku ….
a. Tansah antheng banget
b. Tansah polah ora bisa meneng
c. Tansah tengok-tengok nganti keturu
d. Tansah ajeg ora bisa obah
kunci jawabannya : b
Soal No. 32, Pakdhe nembe ngendhikan kalian Mas Ahmad sing ana kutha Surabaya kanthi sarana ….
a. Televisi
b. Radio
c. Bis
d. Telepon
kunci jawabannya : d
Soal No. 33, Perangane layang kang nelakake ungah-ungguhe kang ngirim layang marang wong kang dikirimi diarani ….
a. Adangiyah
b. Titi mangsa
c. Surasa basa
d. Wasana basa
kunci jawabannya : a
Soal No. 34, Esti sewengi ora bisa turu nglipus amarga ….
A. kepengin mlebu sekolah
B. wedi yen kerinan
C. atine dheg-dhegan
D. durung duwe kanca
kunci jawabannya: B
Soal No. 35, Irah-irahan (judul) kang trep kanggo wacan ing ndhuwur yaiku ….
A. Mlebu Sekolah Sepisanan
B. Duwe KancaAnyar
C. Dadi Murid Anyar
D. Ketampa ing SMP
kunci jawabannya: A
Soal No. 36, Tujuane nulis karangan narasi yaiku ….
A. njembarake kawruh
B. nggolek pengalaman kang endah
C. menehi wawasan
D. menehi ngerti utawa informasi
kunci jawabannya: D
Soal No. 37, Narasi kang ngandhara kepawarta duwe ancas menehi ngerti marang para pamaos supaya tambah gamblang lan tambah pangertene. Kayata biografi, autobiografi, lan laporan perjalanan, iku diarani ….
A. eksploitatif
B. ekspositoris
C. fiktif
D. imaginatif
kunci jawabannya: B
Soal No. 38, Sekawit langite padhang ndhrandhang, weruh-weruh dadi peteng ndhedhet lelimengan.
Tembung kang kacithak miring kalebu jinising tembung ….
A. garba
B. rurabasa
C. saroja
D. entar
kunci jawabannya: C
Soal No. 39, Panulise ukara sing bener yaiku ….
A. Bu Dewi guru basa Jawa.
B. Bu Dewi guru Basa Jawa.
C. Bu dewi guru basa Jawa.
D. Bu Dewi guru Basa jawa.
kunci jawabannya
Soal No. 40, Ing ngisor iki titikane utawa ciri-cirine wacana narasi, kajaba ….
A. mung asipat non fiksi
B. isine crita, kisah, kedadeyan
C. duwe tujuan mbujuk
D. ana tanda nggawe
kunci jawabannya: C
Jadi demikianlah pembahasan singkat dari contoh soal PAS UAS Bahasa Jawa kelas 7 SMP/MTs Kurikulum Merdeka Tahun 2023 lengkap dengan kunci jawabannya.
Disclaimer:
1. Soal dan kunci jawaban ini hanya diperuntukkan sebagai bahan belajar dan evaluasi.
2. Harap kerjakan soal-soal tersebut secara mandiri terlebih dahulu sebelum mengoreksinya dengan kunci jawaban ini.
3. Harap tidak menggunakan soal dan kunci jawaban ini sebagai bahan contekan saat ujian.